Pawarta

Inacraft Ka-16; Ngangkat Tradhisi Budaya Jawa Tengah


Mbah Marsiyah katon maos PS sinambi nunggoni dagangan batik tulis Ngayogyakarta
Mbah Marsiyah katon maos PS sinambi nunggoni dagangan batik tulis Ngayogyakarta
Indonesia nduweni maneka warna kerajinan tradhisional. Kejaba saka iku, masyarakate uga kreatif lan te-laten. Bab iku diprangguli penulis nalika njingglengi ewon stan pameran ana ing Ja­karta Convention Center (JCC) mentas iki.
Inacraft singkatan saka International Handicraft, mujudake pameran kang kapetung  paling regeng saNuswantara. Amarga, saliyane dieloni dening punjul saka sewu pengrajin lan pedagang kerajinan saka saindenging Nuswantara, uga diajap bisa menehi srana ngrem­bakake anggone padha dagang nganti tekan negara manca.
Taun iki, Inacraft kagelar minangka pameran kang kaping 16. Kapeneran tema umume ngangkat budaya Jawa Tengah. Mula, saliyane bathik, busana, kerajinan kayu lsp, ana niyaga lan sindhen kang ngregengake kanthi tetembangan ing punjering papan pameran.
Stan kang gunggunge paling akeh yaiku bathik lan kain tradhisional. Bathik Ngayogyakarta, Surakarta, lan Pekalongan banget akehe. Banjur bathik Madura, Cirebon, lan bathik pranakan. Tenun saka Nusa Tenggara uga ana saperangan. Se­mono uga songket saka Sumatera, tenun rangrang Bali, tenun Lombok, lsp.
Ana stan kang mligi adol dolanan bocah tradisional
Ana stan kang mligi adol dolanan bocah tradisional
Saliyane dodolan wujud kain, ana uga kang wus arupa ageman modern. Blus lan blazer kanggo pawestri, uga rok ngisoran dalah rok dawa terusan. Saperangan bahane kombinasi kain tradisional lan kain polos pabrikan. Nanging ora sethithik kang full kain tradhisional kabeh. Kanggo para kakung, ana maneka hem potongan stan­dar sarta kang ditambahi kreasi ing krah utawa lengene.
Stan liyane dodolan gebyog saha ma­neka kerajinan saka kayu lan rotan. Uga ana priasan saka mutiara lan kayu Kali­mantan. Kolektor barang kuna uga bakal katog milih ing sawenehe stan ing pame­ran kasebut. Ana setlika wesi kang panase migunakake mawa areng, toples beling, klinthingan sapi, lsp.
Dina Setu (26/4), sedina sadurunge pa­meran tutup, JCC banget ramene. Sabab, pengunjung saka njaban ibukota tumplek blek ing dina kasebut. Sing ma­karya ngepasi prei, utawa sing kagungan putra bisa ngajak sarta sabubare sekolah. Kaya ta Nova Dwiyanti, kang mbelani budhal esuk umun-umun saka Suraba­ya, numpak montor mabur. “Aku mrene klawan ibuku, saka Surabaya jam lima esuk,” kandhane.
Patung merak kang merak ati iki ginawe saka kaleng bekas
Patung merak kang merak ati iki ginawe saka kaleng bekas
Minangka pan­dhemen busana lan kerajinan, Nova ajeg teka ing Ina­craft saperlu tuku sa­wenehing barang kang di­pamerake. Kejaba saka iku, dheweke ndu­weni toko busana ing Surabaya. “Yen ana kain, busana, kerajinan saka njaban pulo Jawa, bisa sisan kulakan,” jlentrehe. Sa­bab, imbuhe ibu peputri siji iku, yen kudu nggolek langsung ing tlatah asale barang-barang iku, ragade ora sethithik.
Mbah Marsiyah Ora Kober Sayah
Salah sawijine stan kang narik kawi­gatene penulis yaiku bathik tulis Ngayog­yakarta. Sing kagungan, asmane mbah Marsiyah, yuswane wis 70 taun. Dheweke lungguh dikupeng bathik maneka werna lan motif. Ing sisihe, kakunge kang yuswa 72, setya ngrewangi. Mbah Harjo Taruna nglempiti kain bathik kang mentas dibukaki dening pengunjung.
Jroning setaun, mbah Marsiyah nekani pameran ing Jakarta saora-orane ping pitu. Kamangka, saben dinane dodolan bathik ana pasar Bringharjo Ngayogya­karta. Nanging panjenengane ora ngra­sakake sayah. “Biyen aku ngalami dodolan bathik tulis rada angel payune. Mula antuk kalodhangan kaya mangkene ya banget begja,” kandhane.
Pengunjung saka manca kepencut kerajinan motif tropis
Pengunjung saka manca kepencut kerajinan motif tropis
Nalika penulis ngaturi majalah PS, mbah Marsiyah katon bungah. Banjur nyenuk maos majalah kasebut, rada ora nggatekake maneh marang dagangane. Ya ora dadi ngapa, amarga ing stan kase­but uga ana anake la­nang  loro sarta anak wadon siji. Tetelune kang ngladeni wong-wong kang milih lan tuku.
Miturut putrane, mbah Marsiyah biyene panggah mbathik dhe­we. Banjur saiki wis bisa nglum­pukake saka sa­kehing pemba­thik lan didol. Emane, putra-putrine ca­cah se­puluh ora ana kang prigel mbathik. Bisane mung ngre­wa­ngi wong tuwane ngre­gengake ang­gone do­do­lan.
Remaja dalah ibu-ibu ing stan kerajinan saka lurik
Remaja dalah ibu-ibu ing stan kerajinan saka lurik
Saliyane nye­dhiyani kain ba­thik tulis lan cap, ana uga rok ngisoran kang kagawe saka bathik lawasan. Ana kang wutuh saka samotif, ana kang kombinasi pirang-pirang motif. Kreasi rok bathik kasebut akeh-akehe dituku dening para mudha.

Bule Kepencut Produk Motif Tropis
Ora mung kerajinan tradhisional bae kang ana ing Inacraft. Kerajinan modern uga ora sethithik. Ananging, unsur Indonesia-ne isih kagawa. Contone, stan kang dodolane tas maneka ukuran lan sarung bantal. Wernane macem-macem, ndadek­ake stan katon padhang. Motife kembang-kembang lan motif  tropis, kang nggam­barake Indonesia. Nalika penulis ngliwati stan kasebut, katon pengunjung saka manca kang kepencut lan tuku.
Salah sawijine stan kanthi kreasi boneka adaptasi saka wujud sato kewan
Salah sawijine stan kanthi kreasi boneka adaptasi saka wujud sato kewan
Putra-putri kang melu  wong tuwane menyang pameran iki uga bisa milih maneka dolanan. Ana kang tradhisional, kaya ta wayang lan gamelan, uga pestul lan montor-montoran saka kayu. Kreasi modern ana boneka adap­tasi saka wujud kewan. Uga tas, tali rambut, lan dompet saka kain lurik.
Saiba kreatif-e masyarakat Indonesia, Penulis mrangguli stan kang adol kerajinan rega atusan ewu. Bahan kang dianggo nggawe kera­jinan iku prasaja bae, yaiku papan kayu lan cet. Papan iku di­kethoki dhuwure watara sepuluh senti, cukup kanggo nulis huruf kanthi cetha. Banjur ditata, telung baris utawa luwih. Dicet kasar ka­reben isih katon serate kayu. Ing ndhuwure diwenehi maneka tuli­san kang narik kawigaten. Ana kang nganggo basa Indonesia, uga basa Inggris. Sura­sane wer­na-werna, akeh-akehe uka­ra kang nggu­gah krenteg tumrap kang maca.
Taun ngarep, Inacraft bakal dianakake  ana ing papan iku uga. Sawise Jawa Tengah, giliran Bali kang arep diunggulake. Pengrajin saka saindhenging nuswantara kang kepengin melu pameran, becik nggo­lek informasi wiwit saiki. ***




Dalan Rusak, Ora Ono sing Ndandani
   Dalan kabupaten saka wilayah kecamatan Sreseh tumeko kutha Sampang rusak lan padha growok, kendaraan roda 2 utawa roda 4 sing arep liwat ing dalan iku kudu ati-ati lan waspodo. Sampek saiki dalan iku durung didandani karo pemerintah daerah Sampang. Saiful (25 taun) warga sing sering liwat dalan iku ngeluhkake bab dalan sing rusak iku,” sampek saiki isih rusak padahal dalan iku wes suwe rusak nanging durung di dandani”. Ucape Saiful wektu ditemoni radar Jawa Pos kala wingi. Akibat dalan sing rusak iku mau, ndadekno akeh wong sing nganggo kendaraan roda 2 utawa roda 4 ngalami kecelakaan ana ing dalan iku.



      Alas Rusak, Gajah-gajah padha Ngamuk

Desa cacah 9 ing wewengkon kabupaten Organ komering ulu (OKU) selatan, Sumatra Selatan dilapurake diserang gerombolan gajah, Selasa (2/11). Gajah-gajah mau ora mung ngrusak pategalan duweke warga wae nanging uga mlebu desa lan mgobrak-ngabrik omahe pendhudhuk ing Desa Serupumpum, Sipin, Tanjung Sembilan, Danau Kuning lan Buai Pamanan Miturut pejabat sementara Bupati OKU Selatan, Ruli Rawi, Gajah-gajah mau wis wani nyerang manungsa lan nyebabke wong siji tiwas kepidak.

Ruli ngaku pihake sarwa salah anggone nangani perkara gajah kuwi,arep dibedhili wedi nerak aturan amarga gajah kalebu kewan kang diayomi dening pemerintah. nanging yen ora dipateni grombolan gajah kasebut wis mbebayani tumrap warga padesan. Kang bisa dilakoni dening rawi mung aweh pengumuman marang masyarakat supaya waspada marang pangamuke gajah-gajah mau.
Rawi nduga pangamuke gajah gajah mau disebabake enteke pasedhiyan mangan lan ngombe merga alas alas kang sasuwene iki minangka habitate kewan kesebut wis rusak bosah-baseh dening tumindake menungsa. Miturut Dinas Kehutanan Simatra Selatan, saka total ambane alas 3,7 hektar, 60 % ing antarane jroning kahanan rusak amarga panembangan liar. kajaba kuwi alas produksi kang ambane 1,2 hektar saka total 2,4 hektar uga jroning kahanan gundhul.
Ing taun 80-an uga tau kadedean ana grombolabne gajah kang nyerbu perkampungan warga. Nanging nalika iku gajah mau bisa digiring menyang Taman Nasional Way Kambas Lampung kanthi nggunakake helicopter duweke kodam Sriwijaya. Miturut Rawi bisa wae cara kang kaya ngono dibaleni meneh, nanging mbutuhake ragad kang gedhe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar