Sabtu, 14 Juni 2014

Dolly Ditutup Sadurunge Sasi Juli

Anyar Katon, Yak Opo Kabare 

Saben PSK Bakal Nampa Pesangon Rp 5,05 Yuta
Manut rancangane, papan pelanyahan Dolly sing ujaring ngakeh paling gedhe sa-Asia iki bakal ditutup. Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini mesthekake sadurunge sasi Juli 2014, panggonan’esek-esek’ kasebut kudu wis tutup.
 
Saiki wanita nomer siji ing Surabaya iku lagi ngajokake anggaran menyang Kemente­rian Sosial (Kemensos) kanggo nganakake rehabilisasi papan pelanyahan kasebut. Risma-paraban akrabe Tri Rismaharini- mratelakake, saiki ing papan kono ana pekerja seks komersial (PSK) kehe wong 375 kang wis diitung kanggo program reha­bilitasi kuwi.
Program rehabilitasi iki arupa paweweh sangu lan ketrampi­lan sadurunge para PSK bali mulih menyang desane utawa nglakoni usaha liyane. Nalika wis ora dadi PSK, dheweke ka­beh bisa urip saka ketrampi­lane kang diduweni. “Saduru­nge Juli, Dolly kudu wis ditu­tup,” tan­dhese Risma sabubare mbukak acara Sosialisasi Par­tisipasi Masyarakat dalam Pe­ngelolaan Anggaran ing ge­dhong Sawunggaling, Pemkot Surabaya, mentas iki.
Sadurunge, ana patang pa­pan pelanyahan kang wis kasil ditutup (PS 15, kaca 15/2014), ing antarane yaiku Kla­kahrejo, Sememi, Morokrem­bangan, lan Dupak Bangunsari. Saiki mung kari Dolly lan Jarak ing Kecamatan Sa­wahan kang isih ana.
Risma nambahake, ana sa­kehing pepalang anggone arep nutup Dolly lan Jarak iki. Ana wae pehak tinamtu kang nga­lang-alangi. Emane, Risma we­gah nyebutake pehak ngendi kang dikarepake. “Kejaba iku, cacahe PSK kang cukup akeh ing Dolly lan Jarak uga nda­dekake pepalang. Menawa sing liya-liyane, iku merga cacahe sethithik. Mung 100 engga 300 PSK. Dene yen ing Dolly iki ewonan cacahe,” jlentrehe Risma saja judheg.
Sasuwene taun iki, peme­rintah wis nyepakake dhuwit luwih saka Rp 27 miliar kanggo rehabilitasi tilas laladan pe­lanyahan ing Surabaya. Dhuwit iku digunakake kanggo patang titik tilas papan pelanyahan kasebut.
Peprincene, kehe Rp 585 yuta saka dana program Ke­menterian Sosial (Kemensos), Rp 25 miliar saka Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya lan Rp 1,4 miliar maneh saka Peme­rintah Provinsi Jawa Timur (Ja­tim). “Ing rehabilitasi iki, pemkot ora mbongkar wisma sing sa­suwene iki digunakake kanggo papan kanggo maremake nep­su setan. Wisma iki kudu digu­nakake kang­go omah umume,” ujare.
Gegayutan rasa kuwatire mlebune PSK anyar menyang Dolly lan Jarak, Pemkot Sura­baya sajak ora maelu. Sebabe, warga ngenggon wis akeh kang nindakake kontrol marang wi­layahe. Banjur, saka Pemkot Surabaya wis ajeg nindakake Operasi Yustisi. Kalodhangane cilik banget ana PSK anyar kang mlebu menyang papan pela­nyahan iki. “Ya ora lah yen ana PSK anyar. Apamaneh, warga ngenggon wis rumangsa enak lan kepenak karo kahanan saiki (klawan anane penutupan Dolly lan Jarak),” tandhese.
Anggota Komisi D DPRD Surabaya, Masduki Toha duwe anggepan, Pemkot Surabaya ora tumemen anggone nin­dakake penutupan papan pe­lanyahan kasebut. Mesthine, sadurunge ditutup suk Juli. Pemkot bisa aweh penjelasan tahapan marang para pedu­nung. Apa iku PSK apadene mucikarine. Alane ma­neh, Pemkot ora nduwe data kang sah ngenani cacahe PSK lan germo kang ana ing Dolly lan Jarak iki.
“Sing genah, Pemkot aja mung munjerake marang PSK lan germo wae. Akibat sosial saka panutupan papan pela­nyahan iki uga kudu dipetung­ake. Perekonomian warga ngenggon bisa lumaku rancak merga anane papan pelanyah­an iki,” pangajape.
Sawatara iku, Ketua Komisi D DPRD Surabaya Baktiono ngandhakake, kanggo penutu­pan Dolly lan Jarak, Pemkot kudu nyang­kutake perangan masyarakat utawa organisasi sosial supaya upayane iki bisa kasil nganti tuntas temenan. Bab PSK kang diulihake me­nyang desane dhewe-dhewe bisa tetep dia­wat-awati dening organisasi sosial kasebut.
“Banjur dana kanggo ger­mo lan PSK uga kudu diweneh­ake trep ing wayahe. Ora oleh di­undur-undur, apamaneh dipo­tong sethithika. Jalaran kabeh iki kanggo sangu bukak usaha­ne germo lan PSK sawise papan pelanyahane ditutup,” ujare. (Bsh)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar