Anyar Katon, Yak Opo Kabare -
Pehak DPRD Kota Surabaya bali masalahake
anane Terminal Purabaya ing Bungurasih, Sidoarjo. Sanajan anane terminal iku
wis puluhan taun ing Bungurasih, nanging nyatane DPRD Kota Surabaya kangelan
nlesih lan ora bisa nindakake pengawasan marang Terminal paling gedhe
sa-Indonesia Timur kasebut. Iki sebabe, sanajan bandhane Pemerintah Kota (Pemkot)
Surabaya, nanging papan dununge ana ing wilayah Kabupaten Sidoarjo.
“Yen daksetitekake, satemene cukup
akeh pengawasane marang Terminal Purabaya. Wiwit pembangunan sarana lan
prasarana, engga retribusi kang diasilake. Nanging, yen panggonane terminal iku
ing wewengkon Sidoarjo, dewan ora bisa ngepol anggone ngawat-awati,” kandhane
Anggota DPRD Kota Surabaya, H Deddy Prasetyo, mentas iki.
Dheweke nambahake, sasuwene iki
kabeh kegiyatan ing Purabaya ora bisa diawat-awati kanthi premati dening pehak
DPRD Kota Surabaya. Dewan kepalang panggonan kang ora ana ing wilayah Surabaya,
saengga slaras karo aturan, DPRD Kota Surabaya ora bisa nindakake pengawasan
kang ana ing sanjabane wilayahe.
“Dadi, pelaksanaan operasional
Purabaya sasuwene iki mlaku apa anane tanpa ana sing ngawat-awati kanthi becik.
Ngertine dewan, saben taun anggaran operasional Terminal Purabaya
dijogi anggaran APBD Surabaya watara Rp 5 miliar. Iku wae sing dakngerteni,”
ujare Deddy.
Kamangka, tambahe, klawan anggaran
semono akehe iku dewan duwe wenang weruh ngenani panganggone anggaran
kasebut. Banjur, pira akehe dhuwit sing mlebu saka terminal iki, rugi apa
bathi, ora ngerti. Nanging, yen saben taun Purabaya tansah dijogi anggaran
kehe udakara Rp 5 miliar, ateges Purabaya bisa dianggep tansah nandhang
kapitunan.
Sing anehe maneh, kabare DPRD
Kabupaten Sidoarjo uga ora bisa nindakake pengawasan marang Terminal Purabaya,
alesane jare dudu bandhane Sidoarjo. Amarga bandha bangunane duweke Pemkot
Surabaya kang tuku menyang pehak swasta. Tegese, Terminal Purabaya ora nate
kagepok senggol dening pengawasane legislatif, becik Kota Surabaya apadene
Kabupaten Sidoarjo.
Kahanan kasebut, manut Deddy, cukup
nguntungake marang pehak pengelola, yaiku Dinas Perhubungan Kota Surabaya.
Mangkono uga marang retribusi kang dipercaya mesthi luwih akeh saka kang
dilapurake, setaun mung Rp 5 miliar.
“Tamtu dewan
jubriya menawa pengelolaane terminal iki sajak ora transparan. Manut pandugane
dewan, retribusi iku genah akeh banget bocore, utamane saka pengasilane parkir
lan penitipan kendharaan liyane ing kono. Sebab ing karcise tinulis Rp 500,
nanging sedina ditarik engga Rp 2.000,” jlentrehe Deddy Prasetyo.
Ketua DPRD
Kota Surabaya Moch Mahmud mratelakake, masalah pengelolaan Terminal Purabaya
ing tengahing taun kepungkur sejatine wis nate dirembug dening DPRD Kota
Surabaya, Pemkot Surabaya lan Pemkab Sidoarjo. Pirembugan iku gegayutan karo
bagi asil pengelolaan Terminal Purabaya antarane Surabaya-Sidoarjo. Wektu iku
pirembugane klakon deadlock.
Pemkab Sidoarjo tetep njaluk bagi asil (sharing) Terminal Purabaya klawan kotor
(bruto), nanging Pemkot Surabaya wegah.
“Sing
dakweruhi mangkono kuwi, wektu iku komunikasine buntu alias dedlock, nanging ora ngerti yen
saiki. Pirembugan ulang iki perlu dijadwal maneh. Utamane bab bagi asil mau,”
ujare anggota dewan sing tilas wartawan iki.
Klawan anane kahanan iki, ndadekake
pehak DPRD Surabaya prihatin. Dewan ngajap kekarone pehak bisoa mecahake
masalah bagi asil iki kanthi sareh, saengga bisa ngundhuh woh sing becik.
Nanging, sajake kekarone isih nduweni panemu padha sejene, mulane engga
saiki isih durung bisa nemokake kepriye becike.
Sadurunge, M.Taswin, Asisten II
(Kesra) Sekkota Surabaya ngandhakake, mempenge Pemkab Sidoarjo iku perlu dipitakonake.
Utamane gegayutan marang dhasar hukum kang digunakake.
Mesthine,
ujare, yen pancen Sidoarjo ora narimakake karo dunduman kang ditampa sasuwene
iki, pehake bisa ngirimake tim audit.
Ing ngendi wae ora bakal tinemokake bagi asil ditindakake klawan bruto.
Sawatara iki
Moch Fikser, Kabag Humas Pemkot Surabaya ngandhakake, gegayutan Terminal
Purabaya engga saiki isih durung ana prajanjen anyar. Bagi asil pendapatan
bersih isih tetep ditindakake klawan etungan 70 persen Pemkot Surabaya lan
30 persen Pemkab Sidoarjo. “Yen bab pengawasan aku durung nate omong saka segi
hukum. Coba mengko tak konsultasi karo bagian hukum,” ujare.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar