Sabtu, 14 Juni 2014

Nasionalisme Sajroning Serat Tripama

Sawise maca lan ngerteni apa kang kinandhut sajroning serat Tripama, panulis ngerteni jebul kang dikarepake ing serat Tripama iki mbabar ngenani jiwa nasionalisme saka tokoh-tokoh pewayangan kaya dene paraga Suwanda, Kumbakarana lan Adipati Karna.

Paraga Suwanda
Sawijine patih kang diduweni dening Prabu Harjuna Sasrabahu. Patih kang bisa dadi tuladha tumrap para prajurit. Tuladha kanggo njaga tata tentreme negara lan bangsa. Kang kabeh iku ora darbe karep liya saliyane kanggo njaga katentremane bangsa lan negara ing Maespati. Kaprawi­rane patih Suwanda iki kawentar banget. Awit dheweke minangka patih nduweni kaluwihan dhewe tinimbang liyane. Kaya cuplikan ing ngisor iki:
Yogyanira kang  para prajurit, lamun  bisa sira anuladya, duk  ing  ngunicaritane, andel  ira Sang  Prabu  Sasrabahu  ing  Maes­pati, aran  patih Suwanda, lalabuh­anipun, kang  ginelung  triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama.
Ing serat Tripama iku diandharane yen ta patih kang aran Suwanda iki nduweni sipat gelem nglabuhi bangsa lan negarane kanthi telung prekara, yaiku guna utawa luwih trepe nduweni kapinteran kang bisa digunakake kanggo nata negara Maespati supaya dadi negara kang luhur lan uripe rakyate ayem tentrem. Kapindho yaiku sugih bab akal lan pikiran. Karepe, patih Suwanda bisa ngeluwari sakabehing reri­bete kerajaan Maespati nalikane ana pre­kara kang tumungkul sajrone negara kan­thi cara kang becik. Banjur kang pungkasan yaiku gelem utawa purun nglakoni apa wae prentahe rajane kanggo kamulyane bangsa lan negarane saka reribet negara manca. Uga malah dheweke bela negarane tume­kane pati. Kabeh iku ginambar kaya ing cuplikan ing ngisor iki:
“Lire  lalabuhan triprakawis, guna  bisa sa­nes  kareng  karya, binudi  dadya ung­gule, kaya sayektinipun  duk  bantu  prang  Manggada nagri, amboyong putri damas katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tanding lan ditya Ngaka nagri, Suwanda mati ngrana.”

Paraga Kumbakarna
Paraga kaloro yaiku jenenge Kumba­karna. Paraga raksesa saka negara Alengka kang misuwur minangka negara kang sugih lan ora kekurangan apa-apa. Emane, raja kang kuwasa neng Alengka yaiku prabu Dasamuka utawa Rahwana raja kang kondhang wengis marang rakayate. Tumin­dak sapenak udele dhewe. Nduweni adhi cacahe 3 yaiku Kumbakarna, Sarpakenaka lan Gunawan Wibisana. Kang kabeh saka patang sedulur iki awujud buta. Nanging siji kang sipate terkadhang kaya manungsa lumrah yaiku Gunawan Wibisana.
Ing ngisor iki bakal diandharake kepriye sifat nasionalismene Kumbakarana saka trah raseksa kaya kang kacuplik ing serat Tripama iki:
“Wonten  malih tuladan prayogi,  satri­ya guna  nagri ing  Ngalengka, Sang Kum­bakarna arane, tur iku warna diyu, supran­dene nggayuh utami, duk wiwit prang  Ngalengka, dennya darbe atur, Mring  raka amrih  raharja. Dasamuka tan kengguh ing aturyekti, mengsah wanara.”
Paraga Kumbakarna ing kene minangka paraga kang dadi punjere analisis. Jalaran dheweke nduweni sifat nasionalisme. Sifat mikul dhuwur mendhem njero marang negarane. Nalikane Prabu Rama nyerang negara Alengka jalaran garwane kang asmane Dewi Sinta diculik dening kakange ora liya Prabu Dasamuka. Kumbakarana kang nalikane iku lagi turu kapati kepeksa ginugah dening sadhengah prajurit supaya mbiyantu anane reruwete negara ing Aleng­ka supaya mendhung kang nggem­buleng ing Alengka enggal-enggal kawiyak. Nalikane ngerteni udrege prekara saka pokal gawene kang mase kang nggawa mlayu kanthi peksan garwane prabu Rama yaiku Dewi Sinta, Kumbakarna sajake gela. Jalaran mung gara-gara wanita saiki Alengka ora bisa ngrasakake ayem tentrem kaya sadurunge. Senajan ta sejatine uga ora tentrem merga polahe para pangge­dhene sing sawiyah-wiyah marang rakyate mau.
Nanging, sawise ditlesih maneh lan di­pikir kanthi premati uga Rahwana ora kena dielingake maneh supaya ora nerusake pe­rang. Jalaran perang iku akeh sisi negatife tinimbang positife. Nanging Rahwana isih kukuh marang karepe yaiku kepengin ngo­brak-abrik pasukan wanara kang dipimpin dening Anoman. Wekasane Kumbakarna minangka satriya utama kang luwih nenge­nake mbela negarane saka amukane wa­nara ya ora dadak ngenteni prentahe Rah­wana kaping pindho, banjur langsung tu­muju ing palagan paperangan. Niyat kang digawa dudu mbelani kesalahane Rah­wana, nanging kanggo njaga keamanane wewengkon Alengka saka gangguan njaba yaiku serangane pasukan wanara utawa kethek.
Kaya dene cuplikan ing ngisor iki:
“Kumbakarna kinon mansah  jurit, mring  kang  raka sira tan  lenggana, nglung­guhi  kasatriyane,  ing  tekad datana  sujud, amung  cipta  labuh  nagari, lan no­leh  yayah  rena nyang  leluhuripun, wus  mukti haning Ngalengka mangke, arsa rinusak ing bala kapti punagi mati ngrana.”

Adipati Karna
Adipati Karna satriya ing Awangga kang tunggal ibu (Kunthi) seje bapa yaiku dewa Surya karo Pandhawa. Adipati Karna luwih milih mbela Prabu Duryudana saka Kurawa nalikane perang barayudha mengkone tinimbang dadi siji kelawan para adhine yaiku Pandhawa.
“Wonten malih kinarya palupi, Sur­ya­putra narpati Ngawangga, lan Pandawa tur kadange len yayah tunggil ibu suwita mring Sri Kurupati, nagri Ngastina kinarya gul  agul, manggala golonganing  prang, Brata­yuda ingadeken sepopati, ngalaga ing Kurawa.”
Sajrone prang Baratayudha mengko Adipati Karna kadhapuk minangka seno­patine perang ing palagan paperangan. Kang tegese adipati Karna kudu memu­suhan karo para adhine yaiku Pandhawa. Jalaran dheweke ngrasa Prabu Duryana iku nduweni jasa tumrap uripe. Kang wis me­nehi pangkat, drajad, aweh bandha donya lan gelem nampa dheweke apa anane. Saka alesan kang kaya mangkono iku mau adipati Karna bakal aweh piwales yaiku bakal mbiyantu marang Hastina nalikane prang Baratayudha pacah. Saliyane iku Karna luwih milih Hastina tinimbang Amarta jalaran awit cilik tumekane wis dadi Adipati ya urip ing negara Hastinapura dudu Amarta. Kanthi lelandhesan kang kaya mangkono mau banjur Karna bakal mati-matian kanggo njaga katentremane Hastinapura saka reridhun kang ana. Karna minangka satriya utama ora gampang nglalekake jasane wong kang wis mbiyantu ing uripe. Saliyane iku Karna uga minangka warga saka Hastina dadi uga gelem mbi­yantu yen ana reribet kaya mangkono. Kang wekasane uga Karna tiwas ing pala­gan kanthi terhormat. Tiwas mbela nega­rane lan dadi satriya utama.
“Den mungsuhken kadange pribadi, aprang tanding lan Sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene nggenira pikan­tuk, marga denya arsa males sih-ira Sang  Duryudana, marmanta kalangkung, denya ngetok kasudirane, aprang rame Karna mati jinemparing, sembaga wiratama.”
Saka katelu conto paraga wayang kasebut yaiku Patih Suwanda, Kumbakarna lan Adipati Karna iki minangka potret kang­gone para manungsa kang isih urip ing alam donya lan manggon sacara resmi ku­dune nduweni pikiran kang kaya mangkono iku. jalaran sakabehing tumindak iku kudu nduweni niyat kang becik. yaiku kanggo njaga tata tentreme negarane saka saka­behing reridhu. Ora mikirake keperluane pribadhi wae. Minangka warga kang becik kudune bisa njaga bebarengan keamanane bangsa lan negarane.

Nasionalisme ing Jaman saiki
Potret nasionalisme ing jaman saiki wujude beda kelawan crita wayang kaya wis kang diandharake ing sajrone serat Tripama ing ndhuwur. Nanging mbok kaya mangkonoa bab wujude nasionalisme kang beda isih tetep bisa diwiyak ing satengahe bebrayan ing Indonesia.jalaran wijud saka nasionalisme dhewe iku ora mung kanggo pertahanan bangsa lan negara wae. Isih akeh liyane kaya dene “cinta produk dalam negeri”. Kanthi cara kang kaya mangekene iki sejatine uga wis mertandhakake yen ta sejatine pawongan iki isih nduweni rasa nasionalisme. Jalaran dheweke isih dhe­men marang asil-asil prodhuksi negarane dhewe, dudu ngagung-ngagungake pro­dhuke negara manca. Kang terkadhang luwih parah maneh yaiku luwih mbela ne­gara manca tinimbang negarane dhewe kang sasuwene iki wis aweh papan, rejeki lsp.
Kaya katelu tuladha  ing ndhuwur, seja­tine saiki uga isih ana. Kaya dene pasukan tentara kang njaga ing tapel wates kang kadhang kala isih ana udreg wae kara ne­gara manca. Dene sifat-sifat nasionalisme iku mau wis ora ana ing pribadhi saka ten­tara-tentara iku wis ora mungkin maneh bakal gelem njaga tapel wates. Awit iku pancen tugase minangka tentara lan uga tugase minangka warga negara kang kudu njaga katentremane bangsa lan negara saka gangguan negara manca.
Emane, sifat-sifat kang kaya mangkono iku sajake saperangan saka masyarakat Indonesia sifat nasionalismene wis surut. Jalaran anane jaman globalisasi kang kanthi kepenak negara manca bisa mlebu metu wewengkon utawa negara Indonesia aweh iming-iming arupa barang kang luwih apik lan dhuwit. Saengga ora mokal yen ta saperangan warga Indonesia uga katut karo iline banyu globalisasi. Tuladha­ne wae ing bab politik lan para panggedhe kang manggon ing gedhung kang mag­rong-magrong ing pusate pamarentahan. Saiki kayae sifat nasionalisme iku dudu kanggo bangsa lan negarane. Nanging uga wis ana kapreluwan liya yaiku kanggo mulyakake awake dhewe. kaya dene kasus-kasuse Gayus sing ora enggal-enggal ram­pung lan malah mbrebes mili teka ngendi-endi. Sajake para pangedhe -panggedhe luwih milih ndebatake tinimbang ngram­pungake prekara -prekarane gayus. Mung mandheg ing obrolan-obrolan wae. Nanging kasunyatan kang ana sasuwene iki mung udreg wae tanpa kajelasan kang mirunggan. Iki minangka bukti ye ta sejati­ne ngono sifat nasionalisme saka sape­rang­an warga Indonesia wis saya surut awit pengin nylametake pribadhi dudu kanggo ayem tentreme bangsa lan negara. Coba yen ta mikire kanggo ayen bangsa lan negara, kasus kaya Gayus iku ora bakal kedawa-dawa kaya mnagkene. Malahan saiki durung ana kejelasan ketuntasane malah kaya-kaya kasuse gayus iku ngabar ngono wae.
Saliyane iku surute sifat nasionalisme saka warga jalaran kurang makmure pang­uripane. Coba wae dititi priksa kaya anane kasus nyolong wesi sepur. Kang bisa nyeba­bake sepur nggoling lan ndadekake kurban kang cacahe uga ora sethithik. Tumindak kaya mengkene iku ora nuduhake sifat nasionalisme jalaran dheweke “ngamana­ke” samubarang dudu kanggo bangsa lan negara nanging kanggo dhiri pribadhi kang wekasane malah nuwuhake bencana kang gedhe rak kojur ngene iki.


Mlathi lan Kemangi kanggo ngusir Ganda Awak


Ganda kringet sing ora enak, senadyan katone sepele, nanging bisa mangaribawani pasrawungan. Yen ora tumuli ditanggulangi,  wong kang nduweni penyakit BB (bau badan)ngene iki  bisa-bisa bakal didohi dening mitra-mitrane. Ambune kringet sing ora enak biyasane disebabake dening getih reged sarta gangguwan ati utawa jantung. Ing ngisor iki resep alternatif kanggo ngilangi ganda kringet sing ora sedhep mau:

1. 30 kuncup kembang melathi (Jasminum sambac) dicemplungake gelas kang wis diiseni banyu mateng. Gelas nuli ditutup plastik kang dibolongi cilik-cilik, banjur dibun-bunake jroning sewengi. Esuke banyu kasebut lagi diombe. Saran liyane tumrap sing nduweni penyakit ganda awak iki: adus kanthi rutin; nyingkiri mangan jerohan, endhog, iwak laut lan daging wedhus; ora kena ngombe es lan alkohol.

2. Bisa uga nggunakake gondhong kemangi (Ocimum bassilicum formaciratum), luntas(Pluchea indica) lan blimbing wuluh(Avverhoa bilimbi) 5 iji. Kemangi, luntas dalah blimbing wuluh mau diganyang kanggo lalapan dhahar.
3. Obat alternatif liyane: kunir(Curcuma domestika)2 ros, banyu gula aren 2/3 gelas. Kunir kang wis diparut dicemplungake gelas isi banyu gula aren, diudheg nganti rata. Disranti sauntara wektu engga kunire meneb ana dhasar gelas. Ramuwan iki diombe rutin sadurunge sare, lan kudu ditindakake kanthi teratur saben bengi.

Wasana sugeng nyoba.



Terminal Bungurasih Ora Bisa Ditlesih

Anyar Katon, Yak Opo Kabare -


Pehak DPRD Kota Suraba­ya bali masalahake anane Terminal Purabaya ing Bungurasih, Sidoarjo. Sanajan anane terminal iku wis puluhan taun ing Bu­ngurasih, nanging nyatane DPRD Kota Surabaya kangelan nlesih lan ora bisa nindakake pe­ngawasan marang Terminal pa­ling gedhe sa-Indonesia Timur kasebut. Iki sebabe, sanajan bandhane Pemerintah Kota (Pem­kot) Surabaya, nanging papan dununge ana ing wilayah Kabupaten Sidoarjo.
“Yen daksetitekake, sa­temene cukup akeh pengawa­sane marang Terminal Puraba­ya. Wiwit pembangunan sarana lan prasarana, engga retribusi kang diasilake. Nanging, yen panggonane terminal iku ing wewengkon Sidoarjo, dewan ora bisa ngepol anggone nga­wat-awati,” kandhane Anggota DPRD Kota Surabaya, H Deddy Prasetyo, mentas iki.
Dheweke nambahake, sa­su­wene iki kabeh kegiyatan ing Purabaya ora bisa diawat-awati kanthi premati dening pehak DPRD Kota Surabaya. Dewan kepalang panggonan kang ora ana ing wilayah Surabaya, sa­engga slaras karo aturan, DPRD Kota Surabaya ora bisa nin­dakake pengawasan kang ana ing sanjabane wilayahe.
“Dadi, pelaksanaan opera­sional Purabaya sasuwene iki mlaku apa anane tanpa ana sing ngawat-awati kanthi becik. Nger­tine dewan, saben taun ang­garan operasional Terminal  Purabaya dijogi anggaran APBD Surabaya watara Rp 5 miliar. Iku wae sing dakngerteni,” ujare Deddy.
Kamangka, tambahe, kla­wan anggaran semono akehe iku dewan duwe wenang we­ruh ngenani panganggone ang­garan kasebut. Banjur, pira akehe dhuwit sing mlebu saka terminal iki, rugi apa bathi, ora ngerti. Nanging, yen saben ta­un Purabaya tansah dijogi ang­garan kehe udakara Rp 5 miliar, ateges Purabaya bisa dianggep tansah nandhang kapitunan.
Sing anehe maneh, kabare DPRD Kabupaten Sidoarjo uga ora bisa nindakake pengawasan marang Terminal Purabaya, ale­sane jare dudu bandhane Sido­arjo. Amarga bandha bangu­nane duweke Pemkot Suraba­ya kang tuku menyang pehak swasta. Tegese, Terminal Pura­baya ora nate kagepok senggol dening pengawasane legislatif, becik Kota Surabaya apadene Kabupaten Sidoarjo.
Kahanan kasebut, manut Deddy, cukup nguntungake ma­­rang pehak pengelola, yaiku Dinas Perhubungan Kota Sura­baya. Mangkono uga marang retribusi kang dipercaya mesthi luwih akeh saka kang dilapur­ake, setaun mung Rp 5 miliar.
“Tamtu dewan jubriya me­nawa pengelolaane terminal iki sajak ora transparan. Manut pandugane dewan, retribusi iku genah akeh banget bocore, uta­mane saka pengasilane parkir lan penitipan kendharaan liyane ing kono. Sebab ing kar­cise tinulis Rp 500, nanging se­dina ditarik engga Rp 2.000,” jlentrehe Deddy Prasetyo.
Ketua DPRD Kota Surabaya Moch Mahmud mratelakake, ma­salah pengelolaan Terminal Purabaya ing tengahing taun kepungkur sejatine wis nate dirembug dening DPRD Kota Surabaya, Pemkot Surabaya lan Pemkab Sidoarjo. Pirembugan iku gegayutan karo bagi asil pe­ngelolaan Terminal Purabaya an­tarane Surabaya-Sidoarjo. Wektu iku pirembugane klakon deadlock. Pemkab Sidoarjo tetep njaluk bagi asil (sharing) Terminal Purabaya klawan kotor (bruto), nanging Pemkot Sura­baya wegah.
“Sing dakweruhi mangkono kuwi, wektu iku komunikasine buntu alias dedlock, nanging ora ngerti yen saiki. Pirembugan ulang iki perlu dijadwal maneh. Utamane bab bagi asil mau,” ujare anggota dewan sing tilas wartawan iki.
Klawan anane kahanan iki, ndadekake pehak DPRD Sura­ba­ya prihatin. Dewan ngajap ke­karone pehak bisoa mecah­ake masalah bagi asil iki kanthi sareh, saengga bisa ngundhuh woh sing becik. Nanging, sa­jake kekarone isih nduweni pa­nemu padha sejene, mulane eng­ga saiki isih durung bisa ne­mokake kepriye becike.
Sadurunge, M.Taswin, Asis­ten II (Kesra) Sekkota Suraba­ya ngandhakake, mempenge Pemkab Sidoarjo iku perlu di­pitakonake. Utamane gega­yutan marang dhasar hukum kang digunakake.
Mesthine, ujare, yen pan­cen Sidoarjo ora narimakake karo dunduman kang ditampa sasuwene iki, pehake bisa ngirimake tim audit. Ing ngendi wae ora bakal tinemokake bagi asil ditindakake klawan bruto.
Sawatara iki Moch Fikser, Kabag Humas Pemkot Surabaya ngandhakake,  gegayutan Terminal Purabaya engga saiki isih durung ana prajanjen anyar. Bagi asil pendapatan bersih isih tetep ditindakake klawan etu­ngan 70 persen Pemkot Sura­ba­ya lan 30 persen Pemkab Sidoarjo. “Yen bab pengawasan aku durung nate omong saka segi hukum. Coba mengko tak konsultasi karo bagian hukum,” ujare.


Dolly Ditutup Sadurunge Sasi Juli

Anyar Katon, Yak Opo Kabare 

Saben PSK Bakal Nampa Pesangon Rp 5,05 Yuta
Manut rancangane, papan pelanyahan Dolly sing ujaring ngakeh paling gedhe sa-Asia iki bakal ditutup. Wali Kota Surabaya Tri Rismaharini mesthekake sadurunge sasi Juli 2014, panggonan’esek-esek’ kasebut kudu wis tutup.
 
Saiki wanita nomer siji ing Surabaya iku lagi ngajokake anggaran menyang Kemente­rian Sosial (Kemensos) kanggo nganakake rehabilisasi papan pelanyahan kasebut. Risma-paraban akrabe Tri Rismaharini- mratelakake, saiki ing papan kono ana pekerja seks komersial (PSK) kehe wong 375 kang wis diitung kanggo program reha­bilitasi kuwi.
Program rehabilitasi iki arupa paweweh sangu lan ketrampi­lan sadurunge para PSK bali mulih menyang desane utawa nglakoni usaha liyane. Nalika wis ora dadi PSK, dheweke ka­beh bisa urip saka ketrampi­lane kang diduweni. “Saduru­nge Juli, Dolly kudu wis ditu­tup,” tan­dhese Risma sabubare mbukak acara Sosialisasi Par­tisipasi Masyarakat dalam Pe­ngelolaan Anggaran ing ge­dhong Sawunggaling, Pemkot Surabaya, mentas iki.
Sadurunge, ana patang pa­pan pelanyahan kang wis kasil ditutup (PS 15, kaca 15/2014), ing antarane yaiku Kla­kahrejo, Sememi, Morokrem­bangan, lan Dupak Bangunsari. Saiki mung kari Dolly lan Jarak ing Kecamatan Sa­wahan kang isih ana.
Risma nambahake, ana sa­kehing pepalang anggone arep nutup Dolly lan Jarak iki. Ana wae pehak tinamtu kang nga­lang-alangi. Emane, Risma we­gah nyebutake pehak ngendi kang dikarepake. “Kejaba iku, cacahe PSK kang cukup akeh ing Dolly lan Jarak uga nda­dekake pepalang. Menawa sing liya-liyane, iku merga cacahe sethithik. Mung 100 engga 300 PSK. Dene yen ing Dolly iki ewonan cacahe,” jlentrehe Risma saja judheg.
Sasuwene taun iki, peme­rintah wis nyepakake dhuwit luwih saka Rp 27 miliar kanggo rehabilitasi tilas laladan pe­lanyahan ing Surabaya. Dhuwit iku digunakake kanggo patang titik tilas papan pelanyahan kasebut.
Peprincene, kehe Rp 585 yuta saka dana program Ke­menterian Sosial (Kemensos), Rp 25 miliar saka Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya lan Rp 1,4 miliar maneh saka Peme­rintah Provinsi Jawa Timur (Ja­tim). “Ing rehabilitasi iki, pemkot ora mbongkar wisma sing sa­suwene iki digunakake kanggo papan kanggo maremake nep­su setan. Wisma iki kudu digu­nakake kang­go omah umume,” ujare.
Gegayutan rasa kuwatire mlebune PSK anyar menyang Dolly lan Jarak, Pemkot Sura­baya sajak ora maelu. Sebabe, warga ngenggon wis akeh kang nindakake kontrol marang wi­layahe. Banjur, saka Pemkot Surabaya wis ajeg nindakake Operasi Yustisi. Kalodhangane cilik banget ana PSK anyar kang mlebu menyang papan pela­nyahan iki. “Ya ora lah yen ana PSK anyar. Apamaneh, warga ngenggon wis rumangsa enak lan kepenak karo kahanan saiki (klawan anane penutupan Dolly lan Jarak),” tandhese.
Anggota Komisi D DPRD Surabaya, Masduki Toha duwe anggepan, Pemkot Surabaya ora tumemen anggone nin­dakake penutupan papan pe­lanyahan kasebut. Mesthine, sadurunge ditutup suk Juli. Pemkot bisa aweh penjelasan tahapan marang para pedu­nung. Apa iku PSK apadene mucikarine. Alane ma­neh, Pemkot ora nduwe data kang sah ngenani cacahe PSK lan germo kang ana ing Dolly lan Jarak iki.
“Sing genah, Pemkot aja mung munjerake marang PSK lan germo wae. Akibat sosial saka panutupan papan pela­nyahan iki uga kudu dipetung­ake. Perekonomian warga ngenggon bisa lumaku rancak merga anane papan pelanyah­an iki,” pangajape.
Sawatara iku, Ketua Komisi D DPRD Surabaya Baktiono ngandhakake, kanggo penutu­pan Dolly lan Jarak, Pemkot kudu nyang­kutake perangan masyarakat utawa organisasi sosial supaya upayane iki bisa kasil nganti tuntas temenan. Bab PSK kang diulihake me­nyang desane dhewe-dhewe bisa tetep dia­wat-awati dening organisasi sosial kasebut.
“Banjur dana kanggo ger­mo lan PSK uga kudu diweneh­ake trep ing wayahe. Ora oleh di­undur-undur, apamaneh dipo­tong sethithika. Jalaran kabeh iki kanggo sangu bukak usaha­ne germo lan PSK sawise papan pelanyahane ditutup,” ujare. (Bsh)



Selasa, 03 Juni 2014

Pertunjkkan Wayang Kulit, Mahakarya Seni Pertunjukan Jawa

Seni pertunjukan yang telah berusia lebih dari lima abad. Membawa kisah Ramayana dan Mahabharata, pagelaran selama semalam suntuk ini menjadi ruang yang tepat untuk melewatkan malam, berefleksi dan memahami filosofi hidup Jawa.

Malam di Yogyakarta akan terasa hidup jika anda melewatkannya dengan melihat wayang kulit. Irama gamelan yang rancak berpadu dengan suara merdu para sinden takkan membiarkan anda jatuh dalam kantuk. Cerita yang dibawakan sang dalang akan membawa anda larut seolah ikut masuk menjadi salah satu tokoh dalam kisah yang dibawakan. Anda pun dengan segera akan menyadari betapa agungnya budaya Jawa di masa lalu.
Wayang kulit adalah seni pertunjukan yang telah berusia lebih dari setengah milenium. Kemunculannya memiliki cerita tersendiri, terkait dengan masuknya Islam Jawa. Salah satu anggota Wali Songo menciptakannya dengan mengadopsi Wayang Beber yang berkembang pada masa kejayaan Hindu-Budha. Adopsi itu dilakukan karena wayang terlanjur lekat dengan orang Jawa sehingga menjadi media yang tepat untuk dakwah menyebarkan Islam, sementara agama Islam melarang bentuk seni rupa. Alhasil, diciptakan wayang kulit dimana orang hanya bisa melihat bayangan.
Pagelaran wayang kulit dimainkan oleh seorang yang kiranya bisa disebut penghibur publik terhebat di dunia. Bagaimana tidak, selama semalam suntuk, sang dalang memainkan seluruh karakter aktor wayang kulit yang merupakan orang-orangan berbahan kulit kerbau dengan dihias motif hasil kerajinan tatah sungging (ukir kulit). Ia harus mengubah karakter suara, berganti intonasi, mengeluarkan guyonan dan bahkan menyanyi. Untuk menghidupkan suasana, dalang dibantu oleh musisi yang memainkan gamelan dan para sinden yang menyanyikan lagu-lagu Jawa.
Tokoh-tokoh dalam wayang keseluruhannya berjumlah ratusan. Orang-orangan yang sedang tak dimainkan diletakkan dalam batang pisang yang ada di dekat sang dalang. Saat dimainkan, orang-orangan akan tampak sebagai bayangan di layar putih yang ada di depan sang dalang. Bayangan itu bisa tercipta karena setiap pertunjukan wayang memakai lampu minyak sebagai pencahayaan yang membantu pemantulan orang-orangan yang sedang dimainkan.
Setiap pagelaran wayang menghadirkan kisah atau lakon yang berbeda. Ragam lakon terbagi menjadi 4 kategori yaitu lakon pakem, lakon carangan, lakon gubahan dan lakon karangan. Lakon pakem memiliki cerita yang seluruhnya bersumber pada perpustakaan wayang sedangkan pada lakon carangan hanya garis besarnya saja yang bersumber pada perpustakaan wayang. Lakon gubahan tidak bersumber pada cerita pewayangan tetapi memakai tempat-tempat yang sesuai pada perpustakaan wayang, sedangkan lakon karangan sepenuhnya bersifat lepas.
Cerita wayang bersumber pada beberapa kitab tua misalnya Ramayana, Mahabharata, Pustaka Raja Purwa dan Purwakanda. Kini, juga terdapat buku-buku yang memuat lakon gubahan dan karangan yang selama ratusan tahun telah disukai masyarakat Abimanyu kerem, Doraweca, Suryatmaja Maling dan sebagainya. Diantara semua kitab tua yang dipakai, Kitab Purwakanda adalah yang paling sering digunakan oleh dalang-dalang dari Kraton Yogyakarta. Pagelaran wayang kulit dimulai ketika sang dalang telah mengeluarkan gunungan. Sebuah pagelaran wayang semalam suntuk gaya Yogyakarta dibagi dalam 3 babak yang memiliki 7 jejeran (adegan) dan 7 adegan perang. Babak pertama, disebut pathet lasem, memiliki 3 jejeran dan 2 adegan perang yang diiringi gending-gending pathet lasem. Pathet Sanga yang menjadi babak kedua memiliki 2 jejeran dan 2 adegan perang, sementara Pathet Manura yang menjadi babak ketiga mempunyai 2 jejeran dan 3 adegan perang. Salah satu bagian yang paling dinanti banyak orang pada setiap pagelaran wayang adalah gara-gara yang menyajikan guyonan-guyonan khas Jawa.
Sasono Hinggil yang terletak di utara alun-Alun Selatan adalah tempat yang paling sering menggelar acara pementasan wayang semalam suntuk, biasanya diadakan setiap minggu kedua dan keempat mulai pukul 21.00 WIB. Tempat lainnya adalah Bangsal Sri Maganti yang terletak di Kraton Yogyakarta. Wayang Kulit di bangsal tersebut dipentaskan selama 2 jam mulai pukul 10.00 WIB setiap hari Sabtu dengan tiket Rp 5.000,00.
Naskah: Yunanto Wiji Utomo

Ayo Sinau Nulis Nganggo Aksara Jawa



Dulu sewaktu saya masih SD Bapak saya berlangganan Majalah Panjebar Semangat dimana disalah satu bagiannya ada pelajaran tulisan jawa yang biasa disebut Carakan (Hanacaraka). Sebenarnya ketika melihat ada pelajaran menulis dengan aksara jawa, saya sangat tertarik mempelajarinya, tetapi begitu membaca aturan-aturannya ternyata banyak dan menurut saya waktu itu susah sekali, maka semangat untuk belajarnya pun kendur teratur. 

Sekarang ini sudah jarang ya sob orang Indonesia atau bahkan orang Jawa sendiri yang bisa menulis ataupun membaca tulisan dengan huruf jawa. Apalagi saya yang walaupun asli berdarah jawa cuma saya dibesarkan di pulau Andalas, jadi sudah bahasa jawanya campur aduk apalagi untuk membaca tulisan jawa hehehe.... Namun sebagai orang keturunan jawa dan orang Indonesia umumnya saya merasa mempunyai tanggung jawab untuk mempelajari Aksara Jawa ini sebagai warisan dari para leluhur kita dibumi Nusantara dan seharusnya kita juga bangga menggunakan aksara milik kita sendiri seperti halnya Aksara Jepang, Cina, India maupun thailand yang mereka juga bangga terhadap aksara mereka sendiri. Dan karena kita tidak mau mempelajarinya jangan-jangan nanti ada negara lain yang mengklaimnya menjadi aksara mereka kan gawat sob hehehe...

Walaupun pelajaran bahasa jawa dipelajari disekolah terutama di Jawa Tengah dan Jawa Timur, tapi kenyataannya banyak dari mereka yang kesulitan bahkan tidak bisa menulis dan membaca tulisan jawa. Menurut saya ada beberapa hal yang menyebabkan aksara Jawa sangat sedikit orang yang menguasainya antara lain :

1. Sangat sedikitnya tulisan-tulisan menggunakan aksara jawa sehingga walaupun orang awalnya bisa membaca aksara jawa, tetapi karena tidak ada yang dibaca sehingga lama kelamaan akan lupa.
2. Sebagian besar pelajaran aksara jawa menggunakan tutorial bahasa jawa dan contoh-contohnyapun juga menggunakan bahasa jawa. Tidak bisa dipungkiri karena aksara jawa memang digunakan untuk menuliskan bahasa jawa tetapi juga jangan dilupakan bahwa aksara jawa juga termasuk aksara Nusantara yang merupakan milik semua rakyat Indonesia, jadi menurut saya tidak ada salahnya jika aksara jawa dipelajari dan dipakai untuk menuliskan bahasa Indonesia seperti yang akan saya tuliskan dalam contoh-contoh dibawah.
3. Kurangnya kesadaran dari kita sendiri untuk mempelajari dan bangga dengan aksara kita sendiri yang merupakan identitas kita sebagai mana negara-negara lain yang tetap menggunakan dan bangga dengan aksara mereka sendiri. Jadi marilah kita sedikit niatkan untuk mempelajari dan bangga dengan aksara kita sendiri. Betul gak sob hehehe...

Saya juga baru beberapa bulan mempelajari menulis menggunakan aksara jawa karena saya merasa malu kalau dibilang "wong jowo kok ora njawani" hehehe... Setelah saya belajar dari beberapa referensi yang saya cari di internet, ternyata tidak susah-susah amat kok belajar aksara jawa. Seperti yang akan saya jelaskan secara singkat seperti dibawah ini. Sengaja saya tulis pakai tangan juga buat latihan sob hehehe...

Aksara Jawa yang utama ada 20 seperti dibawah ini.


Aksara Jawa yang 20 aksara tersebut mempunyai pasangan, jika aksara utama diberi pasangan, maka aksara utamanya menjadi huruf mati. misalnya aksara ka dipangku (diberi pasangan) maka akan menjadi huruf mati k. Contoh Aksara jawa dan pasangannya seperti dibawah ini.


Untuk perubahan vokalnya dengan ditambahi Sandhangan(tanda baca) seperti dibawah ini.


Dengan menghapalkan Aksara utama dan pasangannya serta tanda bacanya, dengan sedikit improvisasi kita sudah bisa menggunakan Aksara Jawa untuk menuliskan lebih dari 95% kosa kata bahasa Indonesia kecuali kosa kata serapan terutama yang dari bahasa barat. Mudah kan sob.

Aturan sederhana penulisannya :

1. Cara penulisan dari kiri dan tidak ada pemenggalan kata (tidak ada spasi).
2. aksara pasangan dituliskan di bawah aksara utama kecuali untuk hasa dan pa yang ditulis disampingnya.
3. Aksara utama yang dipangku oleh aksara pasangan akan menjadi huruf mati dan untuk akhir kalimat menggunakan tanda pangku seperti contoh diatas.
4. Aksara pasangan taka dan la yang menggunakan tanda baca u (suku) akan berubah bentuk menjadi aksara utama seperti contoh dibawah ini.


5. Aksara la yang dipepet menjadi le (contoh kata lepas) dan rayang dipepet menjadi re (contohnya kata resah) akan mengalami perubahan bentuk seperti dibawah ini.


6. Tanda koma menggunakan koma seperti biasa dan tanda titik menggunakan tanda koma dua kali.

7. Huruf vokal tidak bisa berdiri sendiri kecuali untuk kasus tertentu yang harus menggunakan huruf vokal, jadi a, i, u, e, édan o akan di tuliskan ha, hi, hu, he, hé, dan ho contohnya apa ada akan ditulis hapa hada.

Cuma sedikit ya sob peraturannya, memang saya sederhanakan biar mudah untuk mempelajarinya. Coba sekarang kita baca tulisan dibawah ini sob.


Wah sudah panjang sekali ya sob postingan kali ini, jika ada pengunjung atau teman-teman yang sudah menguasai aksara jawa, tolong jika ada kesalahan, saya dikoreksi ya. Terima kasih sudah berkunjung ke blog saya, semoga bermanfaat :)

Gedhang Raja lan Adat Istiadat

Gedhang raja (Musa Paradisiaca) wis dikenal rikala jaman mbah buyut dhisik. Gedhang raja sawangane pancen alus, lumer sarta nengsemake. Kejaba wujud lan wernane nyenengake, rasane biyuh-biyuh seger, legi, arum. Gedhang jarwa dhosoke... digeget bubar madhang. Pranyata wujud lan ulese pancen ndemenake, saengga digandrungi masyarakat sadonya. Kejaba aroma lan rasane gawe kemecer ngiler, uga gedhang raja entuk sebutan ‘Paradise Banan’ (buah surga) utawa buah nirwana. 
Wektu iki gedhang raja kena diarani produk ekspor kang paling istimewa, kabukten sing padha pesen saka njaban rrangkah kayata Jepang, China, Korea lumebere tumeka Bawono Eropa lan Australia. Mula akeh warga masyarakat ing Indonesia padha ngulir budi anggone ngrembakaake gedhang raja mau. Kejaba gedhang raja regane larang, pancen kanggo kebutuhan adat.
Uwal saka babagan gedhang komersial, wangune ing wewengkon Kraton Sumenep Madura, gedhang raja minangka simbul adat perkawinan kraton. Pancen adat –stiadat pernikahan jroning kraton, tansah diuri-uri aja nganti kasilep majune jaman. Senajan saiki wis mlebu era gobalisasi, nanging ing laladan kraton isih nggeget kenceng adat pernikahan mawa gedhang raja.
Sejatine yen kita tintingi kanthi premati, gedhang raja uga dibutuhake dening kraton Mataram, saengga kraton Surakarta lan Yogyakarta uga ora ninggalake kebutuhan mau. Kejaba kaggo pajangan, pasang tarub, jejeran, sajen, kendurenan lan akeh maneh liyane, uga kanggo hiasan ing rumah makan ing ngendi wae. Gedhang raja mujudake gedhang adat minangka warisan nenek moyang jaman dhisik.