Sabtu, 14 Juni 2014

Mlathi lan Kemangi kanggo ngusir Ganda Awak


Ganda kringet sing ora enak, senadyan katone sepele, nanging bisa mangaribawani pasrawungan. Yen ora tumuli ditanggulangi,  wong kang nduweni penyakit BB (bau badan)ngene iki  bisa-bisa bakal didohi dening mitra-mitrane. Ambune kringet sing ora enak biyasane disebabake dening getih reged sarta gangguwan ati utawa jantung. Ing ngisor iki resep alternatif kanggo ngilangi ganda kringet sing ora sedhep mau:

1. 30 kuncup kembang melathi (Jasminum sambac) dicemplungake gelas kang wis diiseni banyu mateng. Gelas nuli ditutup plastik kang dibolongi cilik-cilik, banjur dibun-bunake jroning sewengi. Esuke banyu kasebut lagi diombe. Saran liyane tumrap sing nduweni penyakit ganda awak iki: adus kanthi rutin; nyingkiri mangan jerohan, endhog, iwak laut lan daging wedhus; ora kena ngombe es lan alkohol.

2. Bisa uga nggunakake gondhong kemangi (Ocimum bassilicum formaciratum), luntas(Pluchea indica) lan blimbing wuluh(Avverhoa bilimbi) 5 iji. Kemangi, luntas dalah blimbing wuluh mau diganyang kanggo lalapan dhahar.
3. Obat alternatif liyane: kunir(Curcuma domestika)2 ros, banyu gula aren 2/3 gelas. Kunir kang wis diparut dicemplungake gelas isi banyu gula aren, diudheg nganti rata. Disranti sauntara wektu engga kunire meneb ana dhasar gelas. Ramuwan iki diombe rutin sadurunge sare, lan kudu ditindakake kanthi teratur saben bengi.

Wasana sugeng nyoba.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar