Sabtu, 14 Juni 2014

Nasionalisme Sajroning Serat Tripama

Sawise maca lan ngerteni apa kang kinandhut sajroning serat Tripama, panulis ngerteni jebul kang dikarepake ing serat Tripama iki mbabar ngenani jiwa nasionalisme saka tokoh-tokoh pewayangan kaya dene paraga Suwanda, Kumbakarana lan Adipati Karna.

Paraga Suwanda
Sawijine patih kang diduweni dening Prabu Harjuna Sasrabahu. Patih kang bisa dadi tuladha tumrap para prajurit. Tuladha kanggo njaga tata tentreme negara lan bangsa. Kang kabeh iku ora darbe karep liya saliyane kanggo njaga katentremane bangsa lan negara ing Maespati. Kaprawi­rane patih Suwanda iki kawentar banget. Awit dheweke minangka patih nduweni kaluwihan dhewe tinimbang liyane. Kaya cuplikan ing ngisor iki:
Yogyanira kang  para prajurit, lamun  bisa sira anuladya, duk  ing  ngunicaritane, andel  ira Sang  Prabu  Sasrabahu  ing  Maes­pati, aran  patih Suwanda, lalabuh­anipun, kang  ginelung  triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama.
Ing serat Tripama iku diandharane yen ta patih kang aran Suwanda iki nduweni sipat gelem nglabuhi bangsa lan negarane kanthi telung prekara, yaiku guna utawa luwih trepe nduweni kapinteran kang bisa digunakake kanggo nata negara Maespati supaya dadi negara kang luhur lan uripe rakyate ayem tentrem. Kapindho yaiku sugih bab akal lan pikiran. Karepe, patih Suwanda bisa ngeluwari sakabehing reri­bete kerajaan Maespati nalikane ana pre­kara kang tumungkul sajrone negara kan­thi cara kang becik. Banjur kang pungkasan yaiku gelem utawa purun nglakoni apa wae prentahe rajane kanggo kamulyane bangsa lan negarane saka reribet negara manca. Uga malah dheweke bela negarane tume­kane pati. Kabeh iku ginambar kaya ing cuplikan ing ngisor iki:
“Lire  lalabuhan triprakawis, guna  bisa sa­nes  kareng  karya, binudi  dadya ung­gule, kaya sayektinipun  duk  bantu  prang  Manggada nagri, amboyong putri damas katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tanding lan ditya Ngaka nagri, Suwanda mati ngrana.”

Paraga Kumbakarna
Paraga kaloro yaiku jenenge Kumba­karna. Paraga raksesa saka negara Alengka kang misuwur minangka negara kang sugih lan ora kekurangan apa-apa. Emane, raja kang kuwasa neng Alengka yaiku prabu Dasamuka utawa Rahwana raja kang kondhang wengis marang rakayate. Tumin­dak sapenak udele dhewe. Nduweni adhi cacahe 3 yaiku Kumbakarna, Sarpakenaka lan Gunawan Wibisana. Kang kabeh saka patang sedulur iki awujud buta. Nanging siji kang sipate terkadhang kaya manungsa lumrah yaiku Gunawan Wibisana.
Ing ngisor iki bakal diandharake kepriye sifat nasionalismene Kumbakarana saka trah raseksa kaya kang kacuplik ing serat Tripama iki:
“Wonten  malih tuladan prayogi,  satri­ya guna  nagri ing  Ngalengka, Sang Kum­bakarna arane, tur iku warna diyu, supran­dene nggayuh utami, duk wiwit prang  Ngalengka, dennya darbe atur, Mring  raka amrih  raharja. Dasamuka tan kengguh ing aturyekti, mengsah wanara.”
Paraga Kumbakarna ing kene minangka paraga kang dadi punjere analisis. Jalaran dheweke nduweni sifat nasionalisme. Sifat mikul dhuwur mendhem njero marang negarane. Nalikane Prabu Rama nyerang negara Alengka jalaran garwane kang asmane Dewi Sinta diculik dening kakange ora liya Prabu Dasamuka. Kumbakarana kang nalikane iku lagi turu kapati kepeksa ginugah dening sadhengah prajurit supaya mbiyantu anane reruwete negara ing Aleng­ka supaya mendhung kang nggem­buleng ing Alengka enggal-enggal kawiyak. Nalikane ngerteni udrege prekara saka pokal gawene kang mase kang nggawa mlayu kanthi peksan garwane prabu Rama yaiku Dewi Sinta, Kumbakarna sajake gela. Jalaran mung gara-gara wanita saiki Alengka ora bisa ngrasakake ayem tentrem kaya sadurunge. Senajan ta sejatine uga ora tentrem merga polahe para pangge­dhene sing sawiyah-wiyah marang rakyate mau.
Nanging, sawise ditlesih maneh lan di­pikir kanthi premati uga Rahwana ora kena dielingake maneh supaya ora nerusake pe­rang. Jalaran perang iku akeh sisi negatife tinimbang positife. Nanging Rahwana isih kukuh marang karepe yaiku kepengin ngo­brak-abrik pasukan wanara kang dipimpin dening Anoman. Wekasane Kumbakarna minangka satriya utama kang luwih nenge­nake mbela negarane saka amukane wa­nara ya ora dadak ngenteni prentahe Rah­wana kaping pindho, banjur langsung tu­muju ing palagan paperangan. Niyat kang digawa dudu mbelani kesalahane Rah­wana, nanging kanggo njaga keamanane wewengkon Alengka saka gangguan njaba yaiku serangane pasukan wanara utawa kethek.
Kaya dene cuplikan ing ngisor iki:
“Kumbakarna kinon mansah  jurit, mring  kang  raka sira tan  lenggana, nglung­guhi  kasatriyane,  ing  tekad datana  sujud, amung  cipta  labuh  nagari, lan no­leh  yayah  rena nyang  leluhuripun, wus  mukti haning Ngalengka mangke, arsa rinusak ing bala kapti punagi mati ngrana.”

Adipati Karna
Adipati Karna satriya ing Awangga kang tunggal ibu (Kunthi) seje bapa yaiku dewa Surya karo Pandhawa. Adipati Karna luwih milih mbela Prabu Duryudana saka Kurawa nalikane perang barayudha mengkone tinimbang dadi siji kelawan para adhine yaiku Pandhawa.
“Wonten malih kinarya palupi, Sur­ya­putra narpati Ngawangga, lan Pandawa tur kadange len yayah tunggil ibu suwita mring Sri Kurupati, nagri Ngastina kinarya gul  agul, manggala golonganing  prang, Brata­yuda ingadeken sepopati, ngalaga ing Kurawa.”
Sajrone prang Baratayudha mengko Adipati Karna kadhapuk minangka seno­patine perang ing palagan paperangan. Kang tegese adipati Karna kudu memu­suhan karo para adhine yaiku Pandhawa. Jalaran dheweke ngrasa Prabu Duryana iku nduweni jasa tumrap uripe. Kang wis me­nehi pangkat, drajad, aweh bandha donya lan gelem nampa dheweke apa anane. Saka alesan kang kaya mangkono iku mau adipati Karna bakal aweh piwales yaiku bakal mbiyantu marang Hastina nalikane prang Baratayudha pacah. Saliyane iku Karna luwih milih Hastina tinimbang Amarta jalaran awit cilik tumekane wis dadi Adipati ya urip ing negara Hastinapura dudu Amarta. Kanthi lelandhesan kang kaya mangkono mau banjur Karna bakal mati-matian kanggo njaga katentremane Hastinapura saka reridhun kang ana. Karna minangka satriya utama ora gampang nglalekake jasane wong kang wis mbiyantu ing uripe. Saliyane iku Karna uga minangka warga saka Hastina dadi uga gelem mbi­yantu yen ana reribet kaya mangkono. Kang wekasane uga Karna tiwas ing pala­gan kanthi terhormat. Tiwas mbela nega­rane lan dadi satriya utama.
“Den mungsuhken kadange pribadi, aprang tanding lan Sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene nggenira pikan­tuk, marga denya arsa males sih-ira Sang  Duryudana, marmanta kalangkung, denya ngetok kasudirane, aprang rame Karna mati jinemparing, sembaga wiratama.”
Saka katelu conto paraga wayang kasebut yaiku Patih Suwanda, Kumbakarna lan Adipati Karna iki minangka potret kang­gone para manungsa kang isih urip ing alam donya lan manggon sacara resmi ku­dune nduweni pikiran kang kaya mangkono iku. jalaran sakabehing tumindak iku kudu nduweni niyat kang becik. yaiku kanggo njaga tata tentreme negarane saka saka­behing reridhu. Ora mikirake keperluane pribadhi wae. Minangka warga kang becik kudune bisa njaga bebarengan keamanane bangsa lan negarane.

Nasionalisme ing Jaman saiki
Potret nasionalisme ing jaman saiki wujude beda kelawan crita wayang kaya wis kang diandharake ing sajrone serat Tripama ing ndhuwur. Nanging mbok kaya mangkonoa bab wujude nasionalisme kang beda isih tetep bisa diwiyak ing satengahe bebrayan ing Indonesia.jalaran wijud saka nasionalisme dhewe iku ora mung kanggo pertahanan bangsa lan negara wae. Isih akeh liyane kaya dene “cinta produk dalam negeri”. Kanthi cara kang kaya mangekene iki sejatine uga wis mertandhakake yen ta sejatine pawongan iki isih nduweni rasa nasionalisme. Jalaran dheweke isih dhe­men marang asil-asil prodhuksi negarane dhewe, dudu ngagung-ngagungake pro­dhuke negara manca. Kang terkadhang luwih parah maneh yaiku luwih mbela ne­gara manca tinimbang negarane dhewe kang sasuwene iki wis aweh papan, rejeki lsp.
Kaya katelu tuladha  ing ndhuwur, seja­tine saiki uga isih ana. Kaya dene pasukan tentara kang njaga ing tapel wates kang kadhang kala isih ana udreg wae kara ne­gara manca. Dene sifat-sifat nasionalisme iku mau wis ora ana ing pribadhi saka ten­tara-tentara iku wis ora mungkin maneh bakal gelem njaga tapel wates. Awit iku pancen tugase minangka tentara lan uga tugase minangka warga negara kang kudu njaga katentremane bangsa lan negara saka gangguan negara manca.
Emane, sifat-sifat kang kaya mangkono iku sajake saperangan saka masyarakat Indonesia sifat nasionalismene wis surut. Jalaran anane jaman globalisasi kang kanthi kepenak negara manca bisa mlebu metu wewengkon utawa negara Indonesia aweh iming-iming arupa barang kang luwih apik lan dhuwit. Saengga ora mokal yen ta saperangan warga Indonesia uga katut karo iline banyu globalisasi. Tuladha­ne wae ing bab politik lan para panggedhe kang manggon ing gedhung kang mag­rong-magrong ing pusate pamarentahan. Saiki kayae sifat nasionalisme iku dudu kanggo bangsa lan negarane. Nanging uga wis ana kapreluwan liya yaiku kanggo mulyakake awake dhewe. kaya dene kasus-kasuse Gayus sing ora enggal-enggal ram­pung lan malah mbrebes mili teka ngendi-endi. Sajake para pangedhe -panggedhe luwih milih ndebatake tinimbang ngram­pungake prekara -prekarane gayus. Mung mandheg ing obrolan-obrolan wae. Nanging kasunyatan kang ana sasuwene iki mung udreg wae tanpa kajelasan kang mirunggan. Iki minangka bukti ye ta sejati­ne ngono sifat nasionalisme saka sape­rang­an warga Indonesia wis saya surut awit pengin nylametake pribadhi dudu kanggo ayem tentreme bangsa lan negara. Coba yen ta mikire kanggo ayen bangsa lan negara, kasus kaya Gayus iku ora bakal kedawa-dawa kaya mnagkene. Malahan saiki durung ana kejelasan ketuntasane malah kaya-kaya kasuse gayus iku ngabar ngono wae.
Saliyane iku surute sifat nasionalisme saka warga jalaran kurang makmure pang­uripane. Coba wae dititi priksa kaya anane kasus nyolong wesi sepur. Kang bisa nyeba­bake sepur nggoling lan ndadekake kurban kang cacahe uga ora sethithik. Tumindak kaya mengkene iku ora nuduhake sifat nasionalisme jalaran dheweke “ngamana­ke” samubarang dudu kanggo bangsa lan negara nanging kanggo dhiri pribadhi kang wekasane malah nuwuhake bencana kang gedhe rak kojur ngene iki.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar